Diarsipkan di bawah: Profil
Meniko Raden Mas Mulyo Semito Mangun Diharjdo kalian Garwanipun Diajeng Martanti Setyorini. Lulus sakeng sekolahan SMEA Tri taun 1994 lajeng mlancong dening Bandung kirang langkung setahun setengah dodolan cat Nippon ing Bandung lajeng mboten krasan pindah dateng Jakarta taun
1995 nyambut damel wonten proyek mboten krasan pindah dados juru ketik wonten SMP Tarsisius, Tangerang. Kuliah wonten STIE Buddhi Tangerang kirang langkung gangsal taun (1997-2002). Taun 2003 ngantos sakminiko ngasto wonten SD Tarsisius Vireta, Tangerang. Taun 2006 gadah sisihan lare Bengkulu. Putrinipun ayu menis-menis kados irus gowang. Sakminiko radi sekeco uripipun, sanajan taksih nitih montor onda, nanging nggih taksih berjuang terus. Uripipun ngalir kemawon kados tai keli. Semboyan uripipun mboten muluk-muluk nggih puniko : “Urip ingkang Nguripi”

